Contoh Teks Naskah Pidato Singkat Bahasa Jawa Hut Kemerdekaan RI 17 Agustus
Pidato HUT RI Hari Kemerdekaan sebuah bentuk orasi tentang semangat kemerdekaan dengan Perjuangan Jiwa Patriot Para Pahlawan Bangsa yang Berani mengusir para penjajah dari Nusantara negeri Indonesia tercinta.
Berikut adalah Beberapa Contoh Teks Naskah Pidato Singkat Bahasa Jawa Hut Kemerdekaan RI 17 Agustus
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Ibu Kepala SMA Negeri 1 Purbalingga ingkang kula hormati
Bapak/Ibu guru ingkang kula hormati
Adik-adik kelas ingkang kula tresnani
Puji syukur katur ing ngarsanipun Gusti Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, kabaswarasan dhumateng kula panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan saged makempal ing papan panggenan menika kangge ngelaksanakaken acara Kemerdekaan 17 Agustus.
Ing dalem wekdal ingkang berbahagia niki monggo kita sedaya raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kita sedaya selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kita isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saged manunjang kualitas kita sedaya, antawisipun inggih menika arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintu nipun.
Kita kedah nyumerapi Allah SWT. nyiptakaken manungsa wonten ing donya niki supaya mados sangu ing kebebasan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dhumateng kesasehan. Merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan. Milo saking niku, Insya Allah kelawan ngelampahi dados niku negasi bade langkung cepet nuju ingkang dipun dicita-citakaken dados negari ingkang aman lan tentrem, adil, makmur, lan sejahtera.
Wasana cekap semanten atur kula, bok bilih wonten lepating atur kula nyuwun pangapunten. Mugi tansah rahaya ingkang sami pinanggih kali sing rureda.
Mugiyo kita sedaya saged ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan.
Akhiru kalam
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Contoh Teks Naskah Pidato Singkat Bahasa Jawa Hut Kemerdekaan RI 17 Agustus 2
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.
Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Quran
وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Ingkang artosipun :
Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh. Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Quran surat Ibrahim ayat 7
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh. Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Quran surat Ibrahim ayat 7
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
Ingkang Artosipun :
Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku banget .
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin..
Ingkang Artosipun :
Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasaake marang jasa lan satemene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
Contoh Teks Naskah Pidato Singkat Bahasa Jawa Hut Kemerdekaan RI 17 Agustus 3
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 07. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Baca Juga Artikel Lainnya
contoh-contoh daftar riwayat hidup lamaran kerja yang baik dan benar
contoh-contoh surat resmi pengajuan permohonan yang baik dan benar
contoh-contoh proposal kegiatan yang benar dan lengkap
contoh cara membuat format proposal kegiatan yang baik dan benar
contoh surat kuasa yang baik dan benar secara lengkap
contoh-contoh form slip gaji karyawan swasta
tips cara membuat dan menulis surat lamaran pekerjaan via email yang baik dan benar
contoh cara membuat surat lamaran kerja yang baik dan benar
cara merubah konversi file doc microsoft office word ke format pdf
contoh-contoh cara membuat format surat perjanjian yang baik dan benar
contoh teks naskah pidato singkat yang baik dan benar
contoh naskah pidato kata sambutan acara syukuran singkat
Demikian Contoh Teks Naskah Pidato Singkat Bahasa Jawa Hut Kemerdekaan RI 17 Agustus